Tuesday, September 1, 2015

Geguritan Asma | Muji ing Gusti

Anapun sira ing tengah wengi
Nerka rahmat-Mu Gusti
Nalika sira tansah memuji
Ing sujud sira nyuwun diwelas asihi
Sambat ing Gusti Pangeran kang hakiki
Akehe musibah lan berkah sing diparingi

Aja nangis nang wong liya
Sing ora bisa ngekeki apa-apa
Mung bisa nenengake ati ira
Aja sambat marang kewan lan kenanga
Urun sambata menyang Gusti kitha
Lan nyuwun pangapura

He sekabehe umat sing lagi turu
Umpama nyawa iki metu
Sapa sing isa nolak kaya ngunu
Nanging ora Gusti Pangeran semata
Ayo pada syukur lan dunga


Silahkan curahkan isi hatimu, agar penulis bisa terus semangat bekarya :v

No comments:

Post a Comment